Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

21 Contoh Lirik Tembang Mocopat Pocung

Dalam khasanah Tembang Mocopat Tembang Pocung merupakan tebang terakhir dalam urutan khasanah Tembang Mocopat. merupakan tembang yang menceritakan perjalanan terakhir manuasia hidup di dunia. Kata Pocung merupakan terjemahan dari kematian seseoarang yang jasadnya dimandikan kemudian dibungkus dengan kain kafan yang masayarakat menyebutnya dipocong. Filosofi tembang pocung adalah sebuah tembang tentang ritual melepaskan kepergian atau kematian seseorang yang mempunyai watak sofatnya Jenaka, santi guton dan berisikan teka teki.

Tembang Mocopat Pocung
Foto by Intanpari.com


Tembang Pocung Mempunyai Guru lagu, Guru Gatra, Guru Wilangan 12u-6a-81-12a. Tembang pocung memiliki 4 Guru Gatra Terdiri dari 4 larik kalimat yang kalimat pertama mempunyai 12 Suku kata kalimat kedua 6 Suku kata kalimat ketiga 8 Suku kata kalimat keempat 12 suku kata atau disingkat mempunyai Guru Wilangan : 12,6,8,12.  Tembang Pocung mempunyai guru lagu atau akhiran dalan setiap suku kata u,a,i,a

21 contoh Lirik tembang Pocung

Bapak pocung, dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sabrang
Ngon angone sang bupati
Yen lumampah si pocung lambeyan gena

------------------------------
Bapak pocung, renteng-renteng kayu kalung,
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba, si pocung mung turut kutha.

---------------------------------
Bapak pocung, cangkemu madhep mendhuwur,
Sabamu ing sendhang,
Pencokanmu lambung kering,
Prapteng Wisma, Si Pocung mutah guwaya

-----------------------------------
Bapak pocung, amung sirah lawan gembung,
padha dikunjara, Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka, Si Pocung dadi dahana.

-------------------------------------------
Dipunsami, marsudi ing budinipun
Weweka den awas,
Aja dumeh bisa angling,
Den apantes kalane micara.

-----------------------------------------
Nadyan namung sakecap yen nora patut,
Prenahing wicara,
Sadurunge den kaesti,
Awasanajemune rewang alenggah.

----------------------------
Iku dudu sutingali nora maju,
eca malangkadhak,
mulya ana angin midid,
mayug-mayug wewedi lir jumangkaha.

-------------------------------
Mandheg mangu si kancil ing lampahipun,
sakedhap angungak,
sigra denira andhelik,
ngulap-ulap si kancil sadangunira.

------------------------------
Pan sumawur mekaring pudhak gandarum,
rumabaseng kisma,
maletuk kaken tang tasik,
sumarambah karya barubahing driya.


----------------------------------
Mangu mangu si kancil kendel adangu,
ngudi keng wardaya,
yen nyata manusa yekti,
pesthi obah lunga saking panggonan.


-----------------------------
Kancil gugup andhelik maras kalangkung,
dangu ingantosan,
mayug-mayug tan lumaris,
duh kiteng tyas sumyar gandaning kusuma.


-----------------------------
Sekar andul kalak kenanga keneng kung,
kedah ingagema,
maring kang amurweng tulis,
semuning kang puspa karaseng wardaya.


------------------------------
Lunging gadhung tumiyung pinggir margagung,
lir ngawe-aweya,
atur sekare umiring,
isthanipun lumaku yen pinethika.


------------------------------
Pan kapanduk gandaning sekar rum-arum,
kadi manggih retna,
sawukir kancana rukmi,
manggut-manggut si kancil sigra maperak.



--------------------------------
Dayanipun kusuma mrih marum-arum,
maresep ri kang tyas,
sekar sumarsana wilis,
tulus arum rarase menuhi grana.


---------------------------
Cipteng kalbu lir sengseming wanodyayu,
yuwaneng bawana,
mangkana kancil andhelik,
nir ing kingkin wekasan suka ing driya.


-----------------------------------
Mring nggenipun wewedi pasangan pulut,
kang mindha manusa,
parek den iling-ilingi,
estu lamun wewedi dudu manusa.


-----------------------------
Kancil muwus kaya manusa rupamu,
memedeni bocah,
teka memarasi kancil,
dene ingsun pareki nora ngapa.

                   

--------------------------
Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.


-----------------------------
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun,
Semune ngaksama,
Sasamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi martatama.


---------------------------
Angkara gung neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,
Triloka lekeri kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.


Posting Komentar untuk "21 Contoh Lirik Tembang Mocopat Pocung "