Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Contoh Wangsalan Sajroning Pacelathon Ing Basa Jawa

Wangsalan pacelathon

Wangsalan Sajroning Pacelathon salah satu jenis permainan kata sastra jawa yang biasa dipakai untuk mengunkapkan kata - kata dengan kiasan atau kata verbal yang diucapkan oleh orang-orang atau oleh penuturnya antara 2 orang atau lebih . Wangsalan adalah cangkriman yang sudah bisa ditebak oleh lawan bicaranya dan kalimatnya mirip tapi tidak sama dengan aslinya. 

Maksut dari cangkriman adalah permainan dalam merangkai kata-kata jawa dari kalimat atau ukoro Jawa sing bahasane mathuk atau yang bahasanya cocok bisa dibilang cangkriman merupakan karya satra jawa yang sudah turun temurun dari jaman dulu. biasa dipakai juga untuk karya sastra tembang jawa dan sastra jawa lainya. cangkriman biasanya harus menebak isi kalimat atau ukoro jowo yang di tuturkan

Wangsalan Sajroning Pacelathon  Yaiku ?

Wangsalan yaiku unen unen jawa utawa tetembungan jawa sing podo cangkriman, nanging batangane wis dikandhakake utowo dibedhek dewe . Mung anggone ngandhakake ora nganti jelas utawa cetha. Sarana sing disebutake sawanda utawa luweh lan interaksine antara wong loro utowo luweh

Arti Pacelathon
Pacelathon dari bahasa jawa yang bisa diartikan percakapan atau percakapan atara 2 orang atau lebih

Contoh Wangsalan Sajroning Pacelathon.

Njanur gunung, kadingaren dolan mrene 
  • Njanur gunung yaiku aren  : kadingaren
Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges
  • Ngrokok cendhak yaiku tegesan : neges-neges
Njenang gula lho, aja lali
  • Jenang gula yaiku glali : lali
Nggodhong garing, esuk-esuk wis nglaras
  • Godhong garing yaiku klaras = nglaras
Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti
  • Balung klapa yaiku bathok = ethok-ethok
Balung geni, mbok menawa aku ora bisa
  • Balung geni yaiku mawa = menawa
Balung janur, sida lunga apa ora?
  • Balung janur yaiku sada = sida
Balung pakel, aja seneng alok-alok
  • Balung pakel yaiku pelok = alok-alok
 Balung klapa, ethok-ethokan wae
  • Balung klapa yaiku bathok = ethok-ethokan
Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kula
  • Balung jagung yaiku anggel = tanggel.
Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni
  • Saron bumbung yaiku angklung = cengklungan).
Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
  • Jangan goni yaiku gudheg = judheg
Kendhil dawa, enggal ditandangi
  • Kendhil dawa yaiku dandang = ditandangi
Mutra bebek, kawit mau mung wira-wiri wae
  • Mutra bebek yaiku meri = wira-wiri
Mrica kecut, yen mung muni pancen gampang
  • Mrica kecut yaiku wuni = muni
Sarung jagung, abot entheng tak lakonane
  • Sarung jagung yaiku klobot = abot
Bocah kok mentil kacang, tansah mbesengut wae
  • Pentil kacang yaiku besengut = mbesengut
Sekar aren, sampun dangu-dangu
  • Sekar aren yaiku dangu = dangu-dangu
Reca kayu, goleka kawruh rahayu"
  • Reca kayu yaiku golekan = goleka
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso"
  • Roning mlinjo yaiku so = ngaso
Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung
  • Woh tanjung yaiku kecik = becik
Kapi jarwa, dak pethek mangsa wurunga
  • Kapi jarwa yaikukethek = pethek
Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung
  • Kukus gantung yaiku awang = sawang
Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar
  • Kembang jambu yaiku karuk = kemaruk

Posting Komentar untuk "Contoh Wangsalan Sajroning Pacelathon Ing Basa Jawa"