Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Lelewaning Basa Jenis Gaya Bahasa


Apa yang dimaksut dengan lelewaning basa semoga isi dari artikel kali ini dapat membantu  dalam mempelajari lelewaning basa. Lelewaning basa dalam bahasa Indonesia adalah gaya bahasa yang dipakai.Gaya bahasa yang dipakai agar bisa lebih dimengerti oleh lawan bicaranya atau pendengarnya. Lelewaning basa dalam tembung jawa biasa di dipakai di geguritan, tembung pepindhan, panyandra pengantin dan lain sebagainya.

Lelewaning basa yaiku Cara caraning migunakake basa supoyo gambang ditampa  lan dirungu / dirungokne.

Jenis-jenis lelewaning basa

A. Asimilasi yaiku luluhing utawa sudaning pakecapan (garban = sandhi).
Contoh
  1. Jaya + ing = jayeng
  2. Nara +pati = narpati
  3. Maha+asri =mahasri
  4. Prapta+ing =prapteng

B. Metafora yaiku unen – unen nganggo pepindhan (diupamakake).
Contoh
  1. R. Setyaki sapukuwating praja Dwarawati.
  2. Rr. Anggun dadi kembanging desa in sidomukti
  3. Arjuno punika lelancuring jagad
  4. Angluberna samudraning pangaksami
C. Alegori yaiku metafora kang ditulis nganggo ukara dawa banget. metafora ingkang  dipunjlentrehaken ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged lambang,
Contoh:
  1. Gesangipun manungsa punika palwa upaminipun, dipun ombang –ambingaken alun ing samudra, katempuh ing sindhung Ali wawar. Yen boten wegig juru mudhinipun tuwin boten waspada, saged kelem pun baita utawa sumyur ing padhas karang.
  2. Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate sapu yen disuhi gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari sarta sadane wis manut gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing,

D. Personifikasi yaiku pepindhan janma ( Manungsa )
Contoh
  1. Sumpahe disekseni bumi langit.
  2. Bengawan Solo lakune ngalor menggak – menggok nrajang gunung Kendheng.
  3. Gunung Merapi yen gelem watuk nggegirisi.

E. Metonimia yaiku lira – lirune jeneng.
Contoh
  1. Le, aku tukokna gudang garam.
  2. Nduk amu tukokno jarum isi rolas
  3. Wingi ana Ramayana tubrukan karo Arjuna
  4. Apik Nasional tinimbang Sanyo

F. Hiperbola yaiku pepindhan sing kliwat 
Contoh
  1. Swarane kaya bledheg.
  2. Surake kaya mbelah – mbelahna bumi.
  3. Lakune kaya kilat.
  4. Mlayune koyo gajah
  5. Panase koyo mletekne sirah

G. Euphesisme yaiku unen – unen sing surasane luwih alus (basa rinengga).

Contoh
  1. Mati = murud ing kasedan jati = tilar donya
  2. Dadi manten = nambut silaning akrami.
  3. Semaput = lali ing purwa duksina

H. Ironi yaiku unen – unen sing nyaritakake kosok balen pinangka kanggo ngece.
Contoh
  1. Bocah iki pintere ora umum, mangsa 5 X 5 wae ora bisa.
  2. Sregep temen jam wolu lagi teko kerjo
  3. Resikan tenan nganti sapu wae ora due

I. Anomatope yaiku tembung kang mratelakake jeneng metu saka uni utawa swarane.
Contoh
  1. Bedhug saka swara dhug – dhug.
  2. Emprit saka swara prit – prit.
  3. Kenthongan saka swara thong - thong

J. Metatesis yaiku lira – liruning panggonaning aksara ing tembung.
Contoh
  1. Arca = reca
  2. Ardi = redi
  3. Almari = lemari
  4. Raksasa = rasaksa

K. Epentesis yaiku muwuhi aksara sajroning tembung.
Conto
  1. Amarta = ngamarta
  2. Sikandhi = srikandhi

L. Sinonim yaiku ukara ingkang sami tegesipun tembung padha tegese
Contoh 
  1. Atur = tata
  2. Catur = papat
  3. Beda = seje
  4. Ajur =remuk
  5. Jan-jane = sateme
Semoga Bermanfaat isi diambil dari berbagai sumber pelajaran basa jawa.

3 komentar untuk "Lelewaning Basa Jenis Gaya Bahasa"