Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Wuwuhan Ing Tembung Basa Jawa

Wuwuhan Ing Basa Jawa

Wuwuhan ing basa jawa kaperang dadi telu yaiku  Ater-Ater, Seselan lan panambang, wuwuhan yaiku jika diartikan dalam bahasa indonesia  wuwuhan = tambahan. jadi wuwuhan di dalam bahasa jawa adalah kata yang mendapatkan kata ibuhan sehingga menjadi kata berimbuhan. 

wuwuhan adalah kata ibuhan dalam setiap macam macamh jenis tembung jawa entah itu imbuhan di awal kata belakang kata atau di tengah-tengahkata atau tembung jawa. dan macam-macam kata imbuhan atau wuwuhan dapat kita lihat jenisnya dibawah ini.

Jenise Wuwuhan iku kaperang dadi telu yaiku:

I ) Ater-ater

Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang dumunung aneng sangarepe tembung.

Warna-warnaning ater-ater yaiku:
a. Ater-ater anuswara: an, am, any, ang (m, n, ny, ng)
Contoh
  • an + tonton : nonton
  • am + pinggir: minggir
  • any + setor : nyetor
  • ang + andhep : ngadhep

b. Ater-ater tripurusa: dak-, ko-, di-
Contoh
  • dak + gayuh :    dakgayuh
  • ko + gawe :    kogawe
  • di + angkat:    diangkat

c. Ater-ater liyane: a-, ma-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, kuma-, kapi-, tar-
Contoh
  • akarya, makumpul, katuku, sakantor, 
  • pomah, pituduh, pratandha,
  • priagung, kumalancang, kamiseseg, 
  • kapiluyu, tarkadhang

( II)  Seselan

Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana setengahe tembung.
Seselan ing basa jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -er-
Contoh
  • titah + -um-  = tumitah
  • tutuh + -in-   = tinutuh
  • dewer + -el- = delewer
  • cuwil + -er-  = ceruwil
(III) Panambang

Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing samburine tembung. 

Dene wujude panambang: -i, -ake, -ne, -e, -a, -ana, -ku,-mu, -en. 
Kajaba saka iku isih akeh panambang saka basa manca kayata man, wan, wati, isme.

Contoh
  • milihi, nitipake, nukokake,
  • kabare, mikira, tutupana, ibuku, 
  • sapimu,tebasen, seniman, 
  • sastrawan, seniwati, 
  • sosialis, kapilaisme
Katrangan:
Wanda yaiku kumpulan aksara sing wujude swara sakecap,
(basa Indonesia: suku kata)
Aksara kui ana werna loro yaiku:
  1. aksara urip (vokal): a, i, u, e, o
  2. aksara mati (konsonan): b, c, e, f, g, h, j, k, l,m, n, p lan liya-liyane

semoga bermanfaat, materi dambil dari berbagai macam buku pelajaran bahasa jawa tentang jenis-jenis tembung jawa

Posting Komentar untuk "Wuwuhan Ing Tembung Basa Jawa"