Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Contoh Tembung Entar Tegese Lan Ukarane

tembung

Tembung entar dalam bahasa jawa juga merupakan bahasa yang di pakai dalam perbincangan sehari-hari di dalam masyarakat jawa. Tembung entar merupakan tembung yang mengkiaskan sesuatu, bisa juga untuk menyidir atau mengibaratkan suatu sebab.

Banyak sekali yang bisa kita pelajari tentang tembung entar. kita akan selalu mendengar tembung entar saat orang-orang jawa sedang berbincang, skedar mengobrol atau saat bercanda dan menyindir temanya. bisa juga dipakai untuk lirik lagu jawa modern dan lain sebagainya

Dalam pelajaran basa jawa tembung entar yaiku tembung loro sing digabung dadi siji lan tegese ora koyo makna salugune utowo tembung kang ora keno ditegesi sawantahe.

Dan berikut dibawah ini adalah tembung entar dalam bahasa jawa


Tembung Entar Daru huruf A
  1. Abang kupinge = nesu banget 
  2. (ng) abangké kuping = gawe nesu
  3. Abang abang lambe = ora temenan, mung lelamisan
  4. Abang raine = nandhang isin (wirang) 
  5. adol ayu = ngendelake ayune
  6. Adol bagus = ngendelake baguse 
  7. Adol gawe = ngatonake penggaweyan
  8. Adol kringet = nyambut gawe
  9. Adol kwanen = ngendelake kwanene 
  10. Adol krungon = golek golek warta/kabar
  11. Adol sendhe = adol barang menyang gadhen
  12. Adol umbag/umuk = akeh omonge, ning ora ana nyatane 
  13. Adus getih = tatune nemen banget
  14. Adus kringet = nyambut gawe,abot banget
  15. Adus luh = nemen anggone nangis
  16. Akeh sandhungane = akeh alangane. 
  17. Ala jenenge = kurang dipercaya
  18. Aa kandhutane = ala watake
  19. Ala tembunge = tembunge kasar/saru
  20. Alus tembunge = kepenak dirungokake
  21. Amba jangkahe = bisa ikhtiyar mrana-mrana 
  22. Apus krama = dibujuki / diapusi cara alus
  23. Asor budine = bebudene ala
  24. Asor yudane = kalah
  25. Ati dhondhong = atine ala 
Contoh tembung entar
  • Goro-goro di seneni terus bocah kui dadi abang kupinge
  • bocah kui tibo ngai adus getih
  • kerjo nganri adus kringet tapi hasile ra sepiro
  • arep usaha wae malah akeh sandhungane
 Tembung Entar Daru huruf B
  1. (m) Balang liring = nglirik mripat 
  2. Bau suku = abdi/batur
  3. au tengen = wong kang dipercaya
  4. Bening atine = sumeh
  5. (m) Buang sangkal = ngilangi/mbuang apes 
  6. (in) Bukak wadi = ngandhakake wewadine 
  7. (m)Buang tilas = nutupi tumindake sing ala 
Contoh tembung entar
  • Dadi uwong mbok simg bening atine ben ora di adohi konco

Tembung Entar Daru huruf C 
  1. Cagak lek = camilan supaya betah melek 
  2. Cagak urip = kanggo nyukupi kebutuhan uripe 
  3. Cancut taliwanda = tandang gawe 
  4. Cangkem gatel = seneng ngrasani/nggunem 
  5. Cedhak umure = gelis mati 
  6. Cepak jodhone = gelis oleh jodho 
  7. Cepak rejekine = gampang oleh rejeki 
  8. Cilik atine = kuwatir/wedi 
  9. Cupet atine = gampang nesu 
  10. Cupet budine = ora bisa nggayuh kautaman 
  11. Cupet jangkahe = ora bisa golèk sarana 
  12. Cupet nalare = ora bisa mikirake werna-werna 
  13. Cupet pangandele = ora percaya 
Contoh tembung entar
  • ojo nesu-nesu wae ndak cedhak umure
  • wong bagus cedhak jodhone

Tembung Entar Daru huruf D 
  1. Dadi gawe = ngrepotake 
  2. Dawa-dawa uja = perkara kang ora uwis uwis 
  3. Dawa tangane = seneng nyolong jupuk 
  4. (n) Dhedher kautaman = nandur kebecikan 
  5. Dhuwur atine = gumedhe 
  6. Dhuwur pangkate = dadi wong pangkat/panguwasane 
Contoh tembung entar
  • kancaku sing dadi tentara kae wis dhuwur pangkate
Tembung Entar Daru huruf E 
  1. Empuk rembuge = guneme enak dirungokake 
  2. Entek atine = keweden/kuwatir banget 
  3. Entheng sanggane = ora rekasa 
  4. Entheng tangane = seneng tandang gawe 

Tembung Entar Daru huruf G 
  1. (ng) Gadho ati = gawe susah ati 
  2. Gantung kepuh = sandhangane ora tau ganti 
  3. (ng)Gantung untu = selak kepingin mangan 
  4. Gedhe atine = tatag; ora kuwatir 
  5. Gedhe endase = sombong (kemlungkung) 
  6. Gedhe omonge = umuk ora ana nyatane 
  7. Gedhe tekade = ora gampang pasrah 
  8. (ng) Gedhekake puluk = ora ana prihatine 
  9. (ng) Gegem tangan = kesed nyambut gawe 
  10. Gilig rembuge = rembugane pasti/mesti 
  11. Gilik tekade = tekade ora bakal mundur 
  12. (ng) Gilud kawruh = golek ilmu kanthi mempeng 
  13. Golek slamet = ati-ati supaya,ora cilaka 
  14. Golek urip = nyambut gawe nggo nyukupi butuhe 
Contoh tembung entar
  • Dadi uwong ora oleh gedhe endase 
Tembung Entar Daru huruf  I 
  1. Idu geni = omongan tansah kelakon 
  2. Ilat mati = ora bisa ngrasakake 
  3. Ilang klilipe = ilang mungsuhe 

Tembung Entar Daru huruf  J 
  1. Jakalara = rikala nome rekasa 
  2. Jembar dhadhane = sugih pangapura; sabar banget 
  3. Jembar kawruhe = akèh ngilmune 
  4. Jembar kubure = mlebu swarga 
  5. Jembar polatane = sumringah 
  6. Jembar segarane = sugih pangapura; sabar 
  7. Jero kawruhe = akeh ngilmune; pinter 

Tembung Entar Daru huruf  K 
  1. Kadalu warsa = kasèp; wis kliwat 
  2. Kandel kulite = digdaya; sekti 
  3. Kandel kupinge = ora nggugu pitutur 
  4. Kaku atine = tansah ora sarujuk/ sulaya 
  5. Kasar tembunge = tembung saru 
  6. Katon dhadhane = wani adu arep 
  7. Kkegugah atine = sadar/eling 
  8. Kelèpètan ala = katut ala 
  9. Kembang lambe = tansah digunem kebecikane 
  10. Kakehan tangan = kakèhan sing nyandhak
  11. Kembang urip = lelakone wong urip werna-werna 
  12. Kena tinenga-tenga = kena disambati 
  13. Kenceng karepe = kekarepane kudu keturutan 
  14. Kenceng tekade = tekade ora bakal mundur 
  15. Kulak warta = golek kabar/warta 
  16. Kuwat drajat = cocok dadi pemimpin/panguwasa 
  17. Kuwat isin = mblebes ora isinan 
  18. Kuwat mangan = mangane akeh 

Tembung Entar Daru huruf  L 
  1. Lambe tipis = criwis/akeh omonge  
  2. Landhep dhengkul = kethul banget 
  3. Landhep pikirane = pinter banget; gampang ngerti 
  4. Lara ati = serik atine 
  5. Lra ayu = lara cacar 
  6. Lara owah = edan; gedheng 
  7. Larang pangan = paceklik 
  8. Lobok atine = sabar 
  9. Luhur budine = kelakuane becik/apik 
  10. Luhur drajate = dadi wong pangkat/panguwasa 
  11. Lurus lakune = jujur 
  12. Lumah tangan = ora gelem cawe-cawe 
  13. Lunyu ilate = guneme mencla-mencle  
Contoh tembung entar
  • Bocah kuwi Omongane ora bakal dipercoyo amarga bocah kui  pancen lunyu ilate

Tembung Entar Daru huruf M 
  1. Manis eseme = esem ngresepakake ati 
  2. Manis rembuge = guneme nyenengake ati 
  3. Mara tangan = seneng gawe lara/milara 
  4. Masa bodhoa = pasrah 
  5. Mata dhuwitan = srakah marang dhuwit 
  6. Mata loro = mangro tingal 
  7. Mateni pangane = gawe ilang panguripane 
  8. Mateng kawruhe = mumpuni; kawruhe wis tutug 
  9. Mateng rembuge = guneme wis disarujuki 
  10. Mati sandhang pangane = ilang dalane golek panguripane 
  11. Mati raga = prihatin; tapa. tirakat 
  12. Medhot dalan = ora diterusake 
  13. Metani lupute = nggoleki salahe 
  14. Meres kringet = nyambut gawe mempeng 
  15. Meres pikir = temenan anggone mikirake 
  16. Mogel ilate = mangan sing sarwa enak 
  17. Mogol sinaune = ora tutug sekolahe 
  18. Murang tata = kurang ajar; ora duwe duga 

Tembung Entar Daru huruf  N 
  1. Nandhang sungkawa = lagi susah 
  2. Nandur kebecikan = gawe kebecikan 
  3. Ngadu wuleding kulit = adu kekuwatan 
  4. Ngangsu kawruh = golek ngelmu/meguru/sekolah 
  5. Ngatonake siyunge = nuduhake kekuwatane/ kuwanene 
  6. Ngatonake dhadhane = umuk; sumbar 
  7. Ngekep dhengkul = nganggur ora nyambut gawe 
  8. Ngendhaleni hawa napsu = nyegah kekarepan ala 
  9. Ngepuh kringet = nyambut gawe mempeng 
  10. Ngemut driji = ora oleh apa-apa 
  11. Nyolok mata = ketara banget 

Tembung Entar Daru huruf O 
  1. Oleh ati = disenengi 
  2. Oleh gawe = kaleksanan 
  3. Oleh wirang = kisinan 
  4. Oleh lara = kalaran 
  5. Ora duwe ati = kuwatir banget; wedi 
  6. Ora melek = ora ngerti 
  7. Ora ngundhuh = ora oleh apa-apa 

Tembung Entar Daru huruf  P 
  1. padhang dalan = mlebu swarga 
  2. padhang hawa = lair ing donya 
  3. padhang langite = seneng 
  4. Padhang pikire = lega seneng 
  5. Padhang ulate = sumeh 
  6. Pait getire urip = warna-warna lelakone wong urip
  7. Pait lelakone = urip rekasa 
  8. Panas atine = nesu banget 
  9. Pecah pamóre = wis ngancik diwasa 
  10. Pecah pikir = wiwit bisa golèk srana 
  11. Pedhes rembuge = guneme gawe serik 
  12. Perih atine = susah banget 
  13. Peteng atine/pikire = susah 
  14. Pingget atine = serik 
  15. Pulih getihe = pak-puk; ora kalah ora menang 
  16. Puput yuswa = mati; seda 

Tembung Entar Daru huruf R 
  1. Rai gedheg = ora duwe isin 
  2. (ng) Rengga praja = njaga negara 
  3. (ng) Rengga salira = dandan/macak 
  4. Runtuh atine = tuwuh welase 
  5. Rupak atine = cugetan/ora gampang ngapura 
  6. Rupak jagade = judheg; ora bisa mrana-mrana 

Tembung Entar Daru huruf S 
  1. Sabuk gelang = sawah akeh banget
  2. Sepi kawruh = bodho/ora duwe ilmu 
  3. Sepi pamrih = ora duwe pamrih 
  4. Seret rejekine = ora gampang golek rejeki 
  5. Sesak dhadhane = mangkel/anyel 
  6. Sumpeg atine = susah/ sedih 

Tembung Entar Daru huruf T
  1. Tadhah kalamangsa = dipangan 
  2. Tadhah udan = lirangan gedhang sing dhuwur dhewe 
  3. Tatu atine = serik banget 
  4. Tanpa tilas = entek bias
  5. Tipis lambene = criwis; seneng nggunem wong liya 
  6. Thukul pikire = nduwe akal 
  7. Thukul turune = nduwe anak 

Tembung Entar Daru huruf U 
  1. Udan tangis = akeh sing padha nangisi 
  2. Ulat peteng = katon nesu 
  3. Ulat manis = sumeh 
  4. Utang lara = tau nggawe laran wong liya 
  5. Utang nyawa = tau nggawe patine wong liya
  6. Utang pati = tau nggawe patine wong liya 
  7. Utang wirang = tau nggawe wirange wong liya 

Tembung Entar Daru huruf W 
  1. Walang ati = simelang/kuwatir 
  2. Wani mati = nekad/kendel banget 
  3. Wani silit wedi rai = ora wani terang-terangan 
  4. Weteng kadit = dremba/ora tampikan 
  5. Weteng karet = panganane akeh 
  6. Wedi getih = jirih/orawani 
  7. Wedi kangelan = lumuh/kesed

1 komentar untuk "Contoh Tembung Entar Tegese Lan Ukarane "