Jenise Cangkriman Ing Basa Jawa
"Bapak pucung renteng-renteng koyo kalung
Dawa koyo ulo
Pencokanmu wesi miring
Sing di saba mung pucung turut kutho"
Liring tembang pucung diatas merupakan wujud dari cangkriman tembang yang batangane atau mempunyai jawaban arti "kereta api". Dalam cangkriman yang merupakan permainan teka teki kata ini juga disisipkan nasihat nasihat kehidupan, disisipkan untuk pendidikan dan juga menghibur bagi orang yang memang suka dengan kesenian sastra jawa. karena kadang cangkriman juga terdapat kata-kata yang jenaka. selain itu dapat juga mengasah otak karena cangkriman merupakan permainan kata yang dituturkan dan kia harus menebaknya
Arti Cangkriman Dalam Bahasa Jawa :
Cangkriman Yaiku unèn-unèn sing kang kudu dibatang utowo dibedhek . cangkriman uga bisa diarani ukara bedhekan utowo bathangan
Wujud Cangkriman / Jenis Cangkriman
I. Cangkriman wancah / wancahan (cekakan)
cangkriman wancah yoiku unen-unen utowo ukora cangkriman kang awujud wewanncahaning tembung. ukara utowo unen-unen sing dowo disingkat dadi 1 utow 2 ukara / atau dalam
bahasa indonesia yang dimaksut cangkriman wencahan adalah ringkasan dari kalimat yang panjang menjadi 1 atau 2 kata.
Contoh cangkriman Wancah / wancahan
- Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
- Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
- Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
- Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
- Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
- Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
- Yumaerong : yuyu omahe ngerong
- Suru bregitu : asu turu di bregi watu
- Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
- Nasgithel : Panas, legi, kenthel
- burnas kopen : Bubur panas kokopen
II. Cangkriman pepindhan (emper-emperan)
Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman irib-irib, cangkriman pepindahn biasanya terdapat dalam 1 kalimat.
Contoh Cangkriman pepindhan
- Pitik walik saba kebon batangane yaiku nanas
- Urang sapikul matane pira batangane yaiku ana 6 = Urang, sapi, kul
- Sega sakepel dirubung tinggi, apa batangane yaiku salak
- Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong batangane yaiku kates
- Emboke di elus elus anak di idak-idak batangane yaiku andha
- Gajah nguntal sangkrah batangane yaiku pawon
- Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran batangane yaiku ngundhuh krambil
- Kebo bule cancang merang batangane yaiku buntil
- Disuguh opak angin batangane yaiku ora disuguhi apa-apa
- Anake gelungan ibune ngrembyang batangane yaiku pakis
- Wes gedhe kok ngguyu tawa batangane yaiku nangis
- Pitik walik saba meja batangane yaiku sulak, kemoceng
- Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon batangane yaiku dom / jarum
- Wit adhikih woh adhakah batangane yaiku waloh
- Wit adhakah woh adhikih batangane yaiku ringin
- Emboke wuda, anake tapihan batangane yaiku pring
- Dikethok malah dhuwur batangane yaiku celana
III. Cangkriman blenderan
Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang awujud ukara utowo unen-unen plesetan. kalimat yang bersifat plesetan biasanya dalam 1 cangkriman blenderan terdapat dalam 1 kalimat
Contoh Cangkriman blenderan / Cangkriman Plesetan Bahasa Jawa
- Wong wudunen kuwi sugih pari : Batangane/ plesetane pringisan
- Ora usah mutung. Mutung apa? : Mutung kesarung batangane / plesetane lutung kasarung
- Wong adol tempe ditaleni : Batane / plesetane sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
- Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem : Batane / plesetane sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
- Lampu apa yen dipecah metu uwonge : Batane / plesetane lampu toko sing lagi ditutup
- Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gedhe apane? : Batane / plesetane Gedhe omongane.
- Lampu apa nek dipecah metu uwonge? : Batane / plesetane Lampu toko sing lagi tutup.
- Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran : Batane / plesetane wong ngunduh kambil.
- Ngarep ireng, mburi ireng, sing tengah methenteng, iku apa? : Batane / plesetane Wong mikul areng.
- Wong dodol klapa dikepruki : Batane / plesetane sing dikepruki klapane, dudu wonge sing adol.
IV. Cangkriman Tembang
Cangkriman Tembang yaiku cangkriman kang Awujud sinawung ing tembang. Cangkriman yang terdapat dalam sebuah tembang. dan paling banyak terdapat dalam tembang pucung, walupun tidak hanya pucung saja seperti
selain itu juga ada di tembang kinanthi, Asmaradhana dan pangkur
Contoh cangkriman tembang pucung
Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
sabamu ing sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung muntah guwaya
Batangane = klenthing/jun
Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha
Batangane : sepur
Bapak pucung
dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Plembang
ngon ingone sang Bupati
Yenlumampah
Si pucung lembehan grana.
Batangane gajah
Bapak pocung
Amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka
Si pocung dadi dahana
Batangane Penthol Korek
Contoh Cangkriman Tembang Asmaradhana:
Wonten ta dhapur sawiji
Tanpa sirah tanpa tenggak
Mung gatraning weteng bae
Miwah suku kalihira
Nging tanpa dlamakan
Kanthaning bokong kadulu
Rumaket ing para priya
Batangane Celana
Contoh Cangkriman Tembang Kinanthi
Wonten putri luwih ayu
Tan ana ingkang tumandhing
Sariranira sang retna
Owah-owah saben ari
Yen rina kucem kang cahya
mung ratri mancur nelahi
Batangane: Rembulan
Bakul kacang ditaleni. Iku klebu jinise cangkriman
BalasHapus